Powered By Blogger

Rabu, 20 Oktober 2010

Insaf_ing Poro Menungso

BENCONO

Macem-macem bencono ing ndunyo
Akeh seng podo nelongso
Kabeh uwong podo rumongso
Nggawe salah marang ALLAH kang Maha Kuoso
Ayo podo njaluk ngapuro
Nganggo coro ngibadah sak bendino
Akeh seng nggawe dadine bencono..
Salah sijine yaiku tresno..
Tresno mung gowo derito.......
Mung gowo loro atine menungso.....
Loro ati neng akhirat lan nduyo.....
Contoh'e Tresno karo anek'e morotuo......
Tresno kro seng nglaerno awk kbeh neng ndunyo...... ...
Tresno kro seng gawe rusak'e ndunyo......
Koyo maneh tresno karo wong wadon seng senengane udho......
Lha kbeh kui seng bakal nggowo.........
Awak kabeh neng neroko....
Yo mugo2........
Ora kal dadi nyoto......
Mangkane ayo podo ndungo.....
Ndungo marang gusti ALLAH kang moho kuoso......
Iki mau ukoro.......
Seng tak gawe dewe soko atiku seng paling njero dewe kono....
Murni soko pikiranku......
Ayo podo merenung......
Mikir po seng wes awk kbeh gawe neng ndunyo.........
Mikir....mikir.......mikir seng wes kedadian neng ndunyo ki......
Kabeh seng gawe slah wes podo roto karo lemah....

Sabtu, 16 Oktober 2010

CACAHING BASA JAWA

Dipituturaké ing: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Anyar, Cacah Panutur: 80 yuta.
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning banawa Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Saliyané iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah siji panyumbang paling gedhé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa iku nduwé pangaruh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo istilah Jawa.Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra serta Kalimantan.
Basa Jawa dipituturaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18. Basa Jawa bisa kaanggep salah sijining basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasustran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
* Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9
* Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13
* Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16
* Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo mawa umum)
Basa Jawa iku ditulis mawa aksara Jawa, (salah sijining keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin. Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa iku basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dipituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Enam saka limang presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana apa sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).
· Dhialèk-dhialèk basa Jawa
Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :
* ngoko
* madya
* krama
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
* bagongan (dianggo neng kraton ngayogyakarta adiningrat)
* kedhaton (dianggo neng kraton surakarta adiningrat)
* basa walikan (basa jawa prokem)
Miturut Poerwadarminta dhialèk-dhialèk kuwi ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2):
1. Dhialèk Banten
2. Dhialèk Cirebon
3. Dhialèk Banyumas lan Tegal
4. Dhialèk Bagelèn
5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
7. Dhialèk Rembang
8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
9. Dhialèk Malang-Pasuruhan
10. Dhialèk Banyuwangi
Pamérangan Uhlenbeck.
Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :
* Rumpun basa Jawa kulon :
o Dhialek Banten (utawa Jawa Serang)
o Dhialek Cerbon (Indramayu-Cirebon)
o Dhialek Tegal (Brebes nganti Pemalang)
o Dhialek Banyumasan (Purwokerto, Cilacap lan Banyumas)
Kelompok rumpun basa Jawa Tengah disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
* Rumpun basa Jawa Tengah :
o Dhialek Pacitan
o Dhialek Pekalongan
o Dhialek Semarangan
o Dhialek Kedhu
o Dhialek Surakarta
o Dhialek Yogyakarta
o Dhialek Madiun
o Dhialek Blora
Kelompok rumpun basa Jawa wetanan disebut basa Jawa baku.
* Rumpun basa Jawa wetanan :
o Dhialek Tuban-Bojonegoro
o Dhialek Surabayaan
o Dialek Malangan
o Dhialek Lumajang
o Dialek Tengger
o Basa Osing Banyuwangen
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran.
Pamérangan Wurm lan Hattori
Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)
Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)
Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagiyan:
1. Dhialèk Banten
2. Dhialèk Lor-Kulonan
3. Dhialèk Manuk
4. Dhialèk Cerbon
5. Dhialèk Kulonan-Tengah
6. Dhialèk Wétanan
7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi

Jumat, 08 Oktober 2010

Jowo Kang Keno Diwoco


Wong Jowo 

Assalamualaikum Wr.Wb

Kaweruh Boso Jowo

Ingkang pembahasan nomer kapisan,kita melajari Makna/Arti Ngoreksi ragane kita kiyambak sak derenge mreksani ragane tiyang.
Kaulo langsung damel Contoh KATA MUTIARA JAWA kalian Langsung kaulo terjemah wonten Bahasa Indonesia.Monggo sareng2 dimaos.....

"Ngiloa Githoke Dhewe"

Arti harafiah : Bercerminlah pada tengkuknya sendiri.
Ngilo : bercermin
Ngiloa : bercerminlah
Githok : tengkuk
Githoke : tengkuknya
Dhewe : Sendiri.

Arti yang tersirat :
Kita diajak untuk melihat dan mengetahui tentang diri kita lebih jauh. Selain ada kebaikan ada juga kekurangan dan kelemahannya. Kita diajak untuk menyadari akan kekurangan dan kelemahan kita sendiri.

Nilai apa yang diajarkan :
Ungkapan ini mengajarkan agar setiap orang mau mawas diri. Mawas diri merupakan dapat menyebabkan orang mengetahui bahwa manusia dirinya juga pernah mempunyai kekurangan, dan kelemahan. Kalau orang sudah menyadari kekurangannya, maka pada dirinya pasti tidak terdapat perasaan lebih tinggi dari orang lain. Hal itu pada gilirannya pasti dapat menyebabkan sikap rendah hati, bertenggang rasa dan mudah untuk memberikan pengampunan bagi orang yang bersalah kepada kita.

Latar belakang sejarah/falsafah :
Tuhan selalu suci dan benar, tetapi manusia mahluk yang paling dicintai oleh Tuhan, selalu mempunyai kecenderungan berkelakukan bertententangan dengan sifat Tuhan.Kala kita merefleksikan diri sebenarnya keadaan kita masing - masing tentu sama saja dengan orang lain yaitu selalu cenderung berbuat dosa meskipun dosa kita berbeda jenis antara orang yang satu dengan orang yang lain.
Kulo aturaken nuwun kalian panjenengan sedoyo ingkang maos ukara ing duwur niki.
Sak derenge kulo akhiri, kulo nuwun pangapunten ingkang katah menawi wonten kelepatan penulisan,kalian ukara seng salah. 
Sepisan Maleh kulo aturaken matur nuwun sanget.
Wassalamualaikum Wr.Wb